Home » » PIWUCAL SAKING NABI IBRAHIM KAGEM GESANG INGKANG LERES

PIWUCAL SAKING NABI IBRAHIM KAGEM GESANG INGKANG LERES

Oleh: AB Subranto, S.PdI


الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا ومِنْ َسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.
Jamaah Shalat Idul Adha Rahimakumullah..

Dinten puniko takbir dipun kumandangaken wonten ing sak indenging bawono, ngagungaken asmanipun Gusti Allah. Gema takbir ingkang dipun kumandangaken dening langkung saking seperempat milyar tiyang wonten ing muka bumi nggetaraken antaraning isi bumi dumugi ing langit. Wontening lapangan, wonting masjid-masjid, wontening kuto, wontening pareden, dusun-ngadusun kalebet kito sedoyo ngumandangaken takbir ingkang iramanipun dipun sambut dening poro malaikat lan sedoyo makhlukipun Allah. Sedoyo puniko kito anindakaken kewajiban kanti raos ikhlas ing manah lan kebak raos syukur dumateng Allah ingkang moho wikan miwah wicaksono.

Shalawat soho salam mugi tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Muhammad saw, sumrambah dumateng keluarga, sahabat lan sedoyo ummatipun kalebet kito ingkang tansah nuhoni menopo ingkang dados dawuhipun.

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin wal muslimat ingkang tansah dipun rahmati dining Allah.

Dinten riyoyo idul adha puniko pratondo kito sedoyo emut - priyagung ingkang luhur ing pambudi, minongko utusanipun Gusti Allah dados Rasul lan paring pemut dumateng sedoyo umat ing alam donyo. Inggih puniko kanjeng nabi Ibrahim a.s soho keluargonipun ismail a.s lan siti hajar. Nabi Muhammad saw kemawon ngalembono menggah piwucal ingkang dipun paringaken Nabi Ibrahim as. Lan Allah swt ngendiko

قَدْ كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِى اِبْرَاهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَهُ
Saktemene wis ono patuladan ingkang luhur kanggo siro kabeh ono ing nabi ibrahim lan wong-wong ingkang tuhu (QS Al Mumtahanah [60]:4).

Wontining gesang nabi Ibrahim as, Nabi muhammad lan nabi sanesipun paling mboten wonten tigang perkawis ingkah kedah kito tuladani. Injih puniko ingkang Sepindah ; iman ingkang langkung kiat dumateng Allah swt minongko pikukuh takwa kito dumateng gusti Allah. Rikolo Nabi Ibrahim as dipun perintahaken dening Allah supados mapanaken garawanipun siti hajar lan putranipun ismail wonten ing makkah, sinaoso awrat kados punopo, kedah pisah lan ninggalaken wonten ing tanah ingkang gersang lan dereng wonten kawulanipun, nabi ibrahim nuhoni menopo ingkang dados dawuhipun Allah. Semanten ugi rikolo dipun dawuhi nyembelih ismail, sinaoso putro gegantilaning ati ingkang taksih nedeng-nedengipun nembe dados panglipur kalbu nabi ibrahim tetep sendiko nuhoni menopo ingkang dados dawuhipun Allah. Ismail ugi sumarah wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang moho agung, kados dene firman Allah :



Mulo naliko anak iku (ismail) tekan ngumur, Ibrahim ngendiko: "Hai anakku saktemene Aku weruh ono ing impen yen Aku menyembelih awakmu. mulo pikirno apo pendapatmu!" ismail njawab: "duh bopo, tindakno menopo ingkang dados dawuh gusti Allah dumateng panjenengan; insya Allah panjenengan bade nemahi kulo kalebet tiyang2 ingkang sabar".(QS Ash Shaffat [37]:102).

Milo saking puniko, menawi kito mendet hikmah saking kanjeng nabi Ibrahim, kedahipun kito tansah nderek lan nuhoni menopo ingkang dados dawuhipun Gusti Allah. Lan kedah tansah sabar nampi menopo ingkang dados kekajenganipun Gusti Allah, sahe puniko awrat menopo dene entheng, lan sahe puniko nikmat menopo dene ujian. Kadosdene pangandikan Allah wontening q.s. An-Nur:51:



Saktemene jawaban wong-wong kang mukmin, yen di dawuhi dening Allah lan Rasule supoyo Rasul ngadili marang deweke, wong-wong mau matur, “kawulo midangetaken lan kawulo tuhu” lan wong-wong mau termasuk wong kang beruntung (QS An Nur [24]:51).

kepatuhanipun nabi ibrahim dipun lampahi rikolo piyambaikpun taksih timur ngantos dene cekap yuswo. Rikolo taksih timur Nabi ibrahim nuhoni dawuhipun Gusti Allah supados ngremuk berhala sesembahan umatipun. Lan rikolo sepuh dipun paringi dawuh mragat putranipun ingkang sanget dipun tresnani, semanteno tetep dipun tindakaken.
Yen kito saget nulodo kanjeng nabi Ibrahim nyoto-nyoto sosok priyagung ingkang pantes sanget dados patuladanipun umat islam. Jalaran piyambakipun anggenipun tresno tuhu dateng gusti Allah rikolo taksih yuswo timur ngantos sak puputing jaman.

Emanipun kito sedoyo dereng saget anulodo langkah lan tindakipun kanjeng nabi ibrahim, semanteno kito sampun ngantos nglokro ing penggalih. Sanadyan anggen kito sedoyo sadar sampun yuswo sepuh gusti Allah tetep paring ridho dumateng piyantun ingkang tansah bekti dumateng Gusti Allah.

Sampun ngantos kedadosan rikolo timur bekti tuhu dumateng gusti Allah ananging sinareng sampun sepuh malah ibaratipun nglokro tuwin mbalelo dateng gusti Allah.
Monggo-monggo kito sami anggenipun emut dumateng gusti Allah meniko kanti wekdal sak wanci-wanci. Sampun ngantos kito emut dumateng piyambakipun yen kito nembe nandang keribetan miwah kasusahan. Kito kedah seimbang ngurusi ndonyo miwah akhirat, jalaran yen kito namung nengenaken kadonyan bakal karugen ingkang katah, kedahipun sedoyo sedayanipun dipun lampahi kanti temen lan ikhlas.

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin ingkang dipun tresnani dening Allah

Ingkang kaping Kalih, patuladan ingkang saget kito pendet saking kanjeng nabi Ibrahim inggih puniko kekiyatan mbrasto godaan syaitan, amargi panggodoning syaitan langkung kiat atimbang manungso. Milo kanti puniko yen kito saget ngipuk-ngipuk iman ingkang sekedik mbokoh sekedik wonten ing njojo kito insya Allah syaitan bade nebihi dateng kito sedoyo. Milanipun wontening ibadah haji wonten kewajiban nyawataken selo ingkang dipun wastani ’lempar jumroh’ ingkang dados pralampito permengsahan kito kaliyan syaitan. Allah swt berfirman:



Hai wong-wong kang podo iman, mlebuo siro kabeh ono ing agamo islam kanti sampurno, lan ojo siro melu langkah syaitan. Sak temene syaitan iku musuhmu kang nyuto (QS Al Bakharah[2]:208).

Mengsah kaliyan syaitan mujudaken dawuh saking ngarsanipun gusti Allah dumateng sedoyo umat ing alam donyo sae meniko ingkang muslim menopo dene ingkang non muslim. sebab katah perkawis gesang ing alam donyo ingkang bade rusak menawi nuruti perintah syaitan. Kados dene tiyang ingkang menghalalkan segala cara, meniko wau bade mitunani dumateng piyantun sanes. Pramilo gesang manungso kedah nggatosaken perkawis ingkang wonten sesambetanipun kaliyan piyantun sanes.

Sedoyo kawulo gesang ing madyo podo kedah nebihi panggodaning syaitan, sebab wontening gesang bermasyarakat manungso kagungan sedyo ingkang luhur wujudipun ketentreman, kedamaian lan sakpiturutipun. Kamongko syaitan tansah nggrudo kawulo supados tuah tumindak ingkang awon tundanipun mitunani dumateng tiyang sanes. Jalaran pambujuk rayunipun syaitan tuah sak wanci-wanci, yen kito taksih kabujuk dening syaitan njalari manungso saget tumindak awon liripun drengki, jail, lan methakil, pramilo monggo kito sedoyo mbendung raos murko ing penggalih kito, pamrihipun sampun ngantos gampil kabujuk dening tingkahipun syaitan. Allah swt ngendiko:



Lan ngomongno marang hamba-hambaku: “supoyo dewekne sesrawungan kanti becik. Sak temene syaitan iku nimbulake perselisihan ing antarane manungso. Saktemene syaitan iku musuh sing nyoto tumraping menungso (QS Al Isra [17]:53).

Milo meniko, wonten ing kawontenan menopo kemawon kito kedah sabar, emut lan narimo, mboten dipun parengaken tumindak merong dateng tataning paugeran. Naliko nembe nandang ribet monggo kito adepi kanti penggalih ingkang tabah. Rasulullah saw ngendiko:

عَجَبًا ِلأَمْرِ الْمُؤْمِنِ اِنَّ اَمْرَهُ كُلَّهُ لَخَيْرٌ وَلَيْسَ ذَالِكَ ِلأَحَدٍ اِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ ِانْ اَصَبَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَاِنْ اَصَبَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ
Kebekjan tumraping wong kang podo iman, saktemene kabeh peparinge gusti Allah iku apik, lan ora di paringke sak liyane wong kang iman. Yen lagi bungah deweke bersyukur iku entuk pahala, kosok baline yen nompo musibah diadepi kanti sabar, iku ugo entuk pahala (HR. Ahmad dan Muslim).

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Patuladan saking kanjeng Nabi Ibrahim ingkang kapingtigo inggih puniko kelajengan lestantunipun nilai-nilai islami. Nabi Ibrahim as kagungan jubriyo ingkang ageng mbok bilih wonten ing generasi sak lajengipun mboten wonten ingkang nglajengaken dakwah lan penyebaran nilai-nilai islami. Milo kanti puniko wau, nabi Ibrahim kagungan kekudangan dateng keng putro, mboten namung supados nglajengaken keturunan menopo dene marisaken bondo donyo. Anamung putro ingkang dipun gadang-gadang dening kanjeng nabi Ibrahim injih puniko putro ingkang saget nglajengaken dakwah ngajak kesahenan dumateng tiyang sanes. Milo sak sampunipun kanjeng nabi ibrahim sampun yuswo sepuh ananging taksih kaparingan putro injih puniko Ishak, nabi ibrahim estu bersyukur lan ndedongo dumateng Allah :




Sedoyo pangalembono anamung kagunganipun Allah, ingkang maringi kanugrahan putro ismail lan ishak nalikanipun yuswo sampun sepuh. Sakestu gusti kawulo moho midangetaken sedoyo dongo. Duh Gusti, dadosno kulo lan anak putu kulo dados tiyang-tiyang ingkang tetep nindakaken shalat, Duh gusti paduko kabulaken dongo kawulo.(QS Ibrahim [14]:39-40)

kito sedoyo kagungan kewajiban kagem nindakaken jejibahan ngajak emut dateng gusti Allah dumateng sok sinteno kemawon. kanti coro napo kemawon ingkang sae. Tugas puniko mujudaken tugas ingkang penting lan mulyo sebab nglajengaken menopo ingkang dados tugasipun poro nabi utusan Allah. Tugas ingkang dipun bektahaken dumateng tiyang sanes. piyantun ingkang shaleh kemawon mbektahaken dakwah, menopo malih piyantun ingkang dereng kabikak penggalihipun linangkung bektah seserepan agami. Ananging kagem ngleksanaaken tugas kewajiban puniko mbektahaken pangorbanan antawisipun bondo, donyo, wekdal lan penggalihan. Milo kanti puniko, rikolo kito ngajak kesahenan dumateng tiyang sanes, lajeng tiyang ingkang kito ajak setyo tuhu, milo pahala kesahenan bade Allah paringaken ugi dumateng kito. Rasulullah saw ngendiko:

مَنْ دَلَّ عَلَى خَيْرِ فَلَهُ مِثْلُ أَجْرِفَاعِلِهِ.
Sing sopo wonge nuduhake marang kebecikan, mulo kanggo dewekne koyo dene wong sing nindakake. (HR. Ahmad, Muslim, Abu Daud dan Tirmudzi).

Milo kulo ngajak dumateng poro jama’ah mliginipun, lan dumateng kulo khususipun monggo nulodo dumateng keagungan nabi ibrahim ingkang sampun paring tulodo dateng umat ing ngalam ndonyo.
Linangkung kados jaman sak meniko kito sedoyo nembe ngadepi pacoben ingkang langkung awrat liripun ketigen ingkang langkung panjang, kito namung saget nenuwun wonten ngarso dalem gusti Allah, mugi ndang dipun paringi jawah ingkang berkah. Tundanipun mbekto kawulo saget gesang ayem tentrem bahagia lan sejahtera. Liripun ingkang dados petani saget nindakaken kewajibanipun kanthi kebak ing kebingahan miwah kesarasan. Tundanipun poro piyantun tani ing mangkih saget ngunduh woing pakarti, bisoo tanem tuah ijo royo royo saget panen ingkang melimpah ruah sarto kebak ing barokah.
Pungkasing atur, monggo kito tutup khutbah shalat Ied wontening enjang puniko kanti ndedongo wonten ngarsanipun Gusti Allah swt:

اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.

Duh gusti Allah paringno pitulung dateng kawulo ingkang mboten doyo, jalaran namung dateng paduko duh gusti Allah ingkang saget maringi pitulungan,
Duh gusti Allah paringno kemenangan dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget peparing sedayanipun.
Duh gusti Allah paringno pangapunten dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget peparing pangapunten kawulo.
Duh Gusti Allah paringno rohmat dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget paring rohmat dateng kawulo.
Duh gusti Allah paringno rizki dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget paring rizki dumateng kawulo.
Duh gusti Allah kulo nyuwun pitedah lan pengayoman dateng paduko saking tiyang-tiyang ingkang dzalim lan kafir.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَ الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ

Duh gusti Allah, paringno kelestantunan dumateng agami kulo, karono meniko mujudaken pondasi kagem sedoyo jejibahan kawulo. Paringno kabekjan lan kamulyon kagem ndonyo kulo, karono meniko mujudaken papan kawulo gesang. Paringno kabekjan lan kamulyan wonten ing akhirat kawulo, karono meniko mujudaken papan kulo sowan ngarso dalem paduko. Mugi kawulo gesang saget pikantuk tambahan amal kesahenan, lan menawi kawulo sowan saget bebas saking sikso paduko.

اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَكَ وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيَا. اَللَّهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَنَا وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَاوَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا

Duh gusti Allah, tuwahno raos ajrih dateng paduko, ingkang saget ngampet saking tumindak durhoko dumateng paduko. Lan tuwahno raos taat dumateng paduko ingkang saget nglarapaken kawulo dateng suwargo paduko. Lan tuwahno raos kapitadosan ingkang saget ndadosaken enteng sedoyo pacoben wontening ndonyo.
Duh gusti Allah, paringno kanugrahan dumateng kawulo lumantar talingan, netro, lan kekiyatan sak laminipun kawulo taksih gesang ngantos dumugining sedo. Lan ampun paduko dadosaken musibah dateng kawulo lan agami kawulo, lan ampun paduko dadosaken karemenan donyo nglirwakaken dumateng paduko, lan ampun paduko dadosaken pemimpin ingkang mboten tresno dumateng kawulo.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.

Duh gusti Allah, paringno pangapunten dumateng kaum muslimin lan muslimat, mukminin lan mukminat, sahe ingkang taksih gesang menopo dene ingkang sampun sedo. Saktemenipun namung padduko ingkang moho midanget, caket lan ngijabahi dongo kawulo.

رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
Duh gusti Allah, paringno kanugrahan dumateng gesang kawulo wonten ing donyo, lan kanugrahan wonten ing akhirat, lan mugi tinebihno saking sikso neroko

______________________________________
Disampaikan Dalam Khutbah Idul Adha 1430 H
Di Masjid Al-Amin, Nangsrikidul, Candirejo, Semanu, Gunungkidul

0 komentar:

Poskan Komentar